Sayambera Misuh 2019 Ronde II

[Expired] 11 September 2019 - 02 Oktober 2019

Oleh : Trida Ch Dachriza / Rabu, 11 September 2019 13:52

AKHIREEE #sayembaramisuh2019 dllauncing utawa diluncurake. Nerusake #sayembaramisuh angkatan pertama taun wingi. Saiki sengaja ana sing beda. Nek taun wingi misuhe diumbar tekan ngendi-ngendi, taun iki ing Sayembara Misuh Ronde II ditemakake. Temane yaiku #Ngrumatjagad #ngrumatjagad . Kena ngapa kok ditema, ya ben ana tantangane ta ya. Masa misuhe pating pecothot tapi pikirane ora cerdas? Mulane saiki ditemakake. Kena ngapa kok milih tema sing mambu-mambu #alam ? Wangsulan cekake kaya ngene.
.
.
.
Ing dina Anggara Kasih, @jawasastra lagi penak-penake thethenguk ngarep omah. Ngopi, rokokan, tur mung sarungan thok, sambi menikmati #senja via #youtube . Wayah fokus-fokuse golek cara nglunasi utang, ana swara ghaib sing mbisiki, "Kowe ngerti basane alam?" Mak njegagik Jawasastra kaget. Ngecek jantung untung isine isih kowe. Banjur dipikir tenanan. Selawase iki manungsa bisane maca tanda alam, bisa bahasa alam kuwi masalah sing luwih abot!.
.
.
.
Pancen ing #sastrajawa klasik kaya ta Serat Centhini ngudar akeh babagan maca alam, lan mangerteni tetenger kedadeyan saka alam. Wong tuwa uga kerep ngandhani nek urip selaras karo alam kuwi penting. Emane, sesanti kaya Memayu Hayuning Bhawana, Jagad Ageng, Jagad Alit, lsp, saiki malih sewates konsep. Prakteke, #wongjawa wis padha lali lan demen ngremehake alam. Katone wae 'sedekah bumi', eh jebul nganggo bahan-bahan plastik, utawa sakora-orane ngrusak alam. Kuwi ki jane ngrumat leluhur apa ngracun leluhur?.
.
.
.
Mula ayo kabeh dulur-dulur #jawasastra saka #jawa #jawatengah #jawatimur #yogyakarta padha bebarengan misuh kanggo ngrumat jagad (alam). Aja nganti tuladha urip selaras mring alam teka nenek moyang mung dadi angen-angen. Tak enteni pisuhanmu sing paling sange!!! Informasi luwih pepake klik link ing bio utawa ketik wae bit.ly/Sayembaramisuh2019.
.
.
.
MATURNUWUN 😱😱😱😌🙄

jogjastreamers

JOGJAFAMILY

JOGJAFAMILY

JogjaFamily 100,9 FM


SWARAGAMA 101.7 FM

SWARAGAMA 101.7 FM

Swaragama 101.7 FM


RETJOBUNTUNG 99.4 FM

RETJOBUNTUNG 99.4 FM

RetjoBuntung 99.4 FM


UNIMMA FM 87,60

UNIMMA FM 87,60

Radio Unimma 87,60 FM


SOLORADIO 92,9 FM

SOLORADIO 92,9 FM

Soloradio 92,9 FM SOLO


JIZ 89,5 FM

JIZ 89,5 FM

Jiz 89,5 FM


Dapatkan Informasi Terpilih Di Sini